Jumat, 13 Juli 2012

Posted by Maskur in PANGANAN
Tags: 
trackback

Tahu masak warung.jpg 
Tahu masak, wektu anyaran dadi wong Cilacap bingung ari krungu jeneng panganan kiye. Kira kira anu panganan apa yah? Kayane pancen khas Cilacap apa ya? Oo jebule kaya kiye rupane: 
Tahu masak final.jpg 
Disawang sedela be wis konangan bahane apa bae. Carane gawe kurang lewih kaya kiye
Bahan-bahane 
-tahu 
-kobis 
-kecambah 
-bahan sambel kacang 
-banyu gula jawa dicampur uyah
Cara ngracike 
Tahu diiris-iris dadi kotak-kotak cilik. 
Tahu masak tahu.jpg 
Aja kelalen kobise ya diirisi. 
Terus sambel kacange ya disiapna. 
Tahu masak sambel.jpg 
Racikane : tahu, nduwure di tambahi kobis, terus kecambah, sambel kacang, kecap karo banyu gula uyah mau 
Tahu masak kecap.jpg 
Angger sing seneng ya bisa dicampur lontong utawa kupat. 
Yuh sarapan Tahu Masak!!!
Posted by Wordmobi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar